2008-05-03

Pendhapa Agung apa maknane?


Pendhapa

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih paling ngarep. Bangunanlawang (pintu). iki biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa

Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas.

Fungsi

Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat.

Makna filosofi

Bangunan pendhapa iku ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul.

Pendhapa modern

Bangunan pendhapa neng jaman saiki isa ditemo'ake neng komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Wetan) misale kantor Bupati utawa DPRD.

2 urun rembug:

Anonymous said...

Katur penjenenganipun ingkang kagungan blog meniko, matur nuwun sanget kawruh ingkang dipun tularaken.
Kulo saget ngangsu kawruh saking mriki seratanipun sae sepindah maleh matur nuwun sanget.

Nuwun

Admin said...

Wah mas/mbak wong menika namung idep-idep saget dados panglipur kok.
Langkung sae menawi panjenengan ugi kagungan panggalih mangga kirim-kirim.
Amrih mboten mboseni

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung