2008-05-15

Kudune rak ya diwenehi pancing ...


Mbah Karsa muring-muring, suarane ngati keprungu saka ndalan ngarep omah.

Ana apa ya? Ora biasane mbah Karsa sing biasane aluse ngungkuli wedak pilus kok saiki muring muring ra karuan. Merga penasaran aku nyedhak pengin weruh.

“Kula nuwun…..!”

“Eh mangga nak, kok njanur gunung?”

“Wonten napa ta mbah? Kok sajak hawane panas”.

Mbah Karsa biasane tanggap karo sesemonanku, mbuh ethok-ethok ra ngerti apa lan piye ora jelas.

“Lha kok suantene duka-duka ngantos tiyang lewat dha mengo sedanten”

“Ooo….lha ya kuwi ta….bab BBM ..piye lire ya amrih ora mundhak regane?”

“La niku rak urusane pemerintah ta mbah?” Aku nyoba ngleremke penggalihe.

“Coba bayangna… pemerintah ki sapa….sing ngupayakne dheweke dadi pemerintah ki sapa? Aja salah …aku uga melu andil ta?”

“Lha kok saiki penak wae arep gawe sengsarane rakyate…sing milih”

“Sampun ngoten ta mbah….” Bingung olehku arep ngendheg ngendikane.

“Sekedhap…cobi pun galih… sebabe napa kok mundhak?”

“Niku gara-gara regi BBM wonten pasar dunia menika nggih mindak lho mbah! Tambah awis…kamangka APBN menika etungane sakderenge mundhak… lha rak tekor”

“Lha mosok ngono-ngono kuwi kok ora kepetung ta?”

“Lire pripun mbah?”

“Sing jenenge undhak-undhakan rega kuwi kudu dietung ta… elek-elek aku ki ya ngerti nek rega kuwi susah dimangerteni, lha mula anakalane sing bab ngono kuwi kudu ana cadhangane supaya anak karo bojo tetep kecukupan sanajan tekor ora sengsara”

“Lha….nggih ngoten niku, karepe pemerintah, tekor sithik ning tetep saged kecukupan sedanten” “Trep pun cocok”

“Lha terus? Mungkin nek kaya panjenengan ora papa….lha nek dinggo wong sing dha kekurangan rak tambah dadi gembel!”

“Nanging mangke wonten BLT kok mbah”

“Mosok mikire ngono ya? Kudune rak ya diwenehi pancing ora kok diwenehi iwak”

“Inggih mbah”

“Aku ki gur miris karo akibate, nek ngerti-ngerti mak dhel… kabeh rega dadi mumbul dhuwur apa ora dadi sengsara kabeh”

“Lha sedanten nggih sami mekaten pamikranipun”

“Iya ta wis jamak yen rega BBM mundhak kabeh rega mundhak”

“Inggih kasunyatanipun inggih mekaten…namung menawi sedanten sami nggresula nggih dados awrat mbah”

“Iya jane aku ki banget percaya yen ora bakal padha pengin yen Negara iki kaco”

“Inggih mbah …kaco lan mboten gumantung saking rakyat ugi kok mbah mboten sisah didamel awrat to mbah.”

<* picture from : Inilah.com>


0 urun rembug:

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung