2008-04-23

Candraning perangan awak

Candra saking perangan awak, ingkang mujudaken kasaenan lan pangalembana dumateng tiyang sanes trepipun kagem priyayi putri.

alise : nanggal sepisan
astane : nggendhewa pinenthang
bangkekane : nawon kemit
bathuke : nyela cendhani
bokonge : manjang ngilang
brengose : nglaler menclok
brengose : nguler keket
cahyane : sumunar
cahyane : ngalentrih
drijine : mucuk eri
godhege : simbar rumembun
gulune : ngelung gadhung
gulune : ngolan-olan
eseme : pahit madu
idepe : tumenga ing tawang
irunge : keencana pinatar
irunge : ngudhup mlathi
kempole : nyikil walang
lakune : macan luwe
lembehane : mblarak sempal
lambene : manggis karengat
lengene : nggandhewa pinenthang
mripate : ndamar kanginan
netrane : liyep alindri
pakulitane : ngulit langsep
pipine : nduren sajuring
polatane : ruruh jatmika
pundhake : nraju emas
rambute : ngandhan-andhan
rambute : ngembang bakung
sinome : mbibis mabur
slirane : sidhet singset
susune : nyengkir gadhing
swarane : ngombak banyu
tangane : nggendhewa pinenthang
tungkake : miji nangka
untune : miji timun

2 urun rembug:

Anonymous said...

awah aku dadi kelingan jaman isih sekolah neng SD di kon ngapalke...karo guru boso jowo,
Matur nuwun nggih...mengenang masa lalu...

Admin said...

Lha..inggih, dek isih cilik kula sing paling apal mung alise nanggal sepisan, mungkin dereng weruh liyane, ...istilahe durung gaduk kuping. Hehehe.

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung