2008-04-24

Tancep Kayon Gapuran

Panjenengan tasih kemutan menawi pak Dalang nancepaken gunungan utawi kayon pertanda menawi wayang badhe wiwit? Wekdal punika kula namung badhe caos pengeling-eling utawi kawruh kagem ingkang mboten mangertos, menawi jenising kayon menika wonten kathah miturut daerah, miturut aluring cerita ugi miturut kaperluanipun.

Conto Kayon Gapuran saking Surakarta Hadiningrat (Sala)



Conto kayon gapuran Ngayogyakarta Hadiningrat (Yogya)



Conto kayon gapuran Jawa Timuran



Tasih kathah ragaming kayon.

Menapa panjenenga tuna warna

Cobi dipuntes paningal panjenengan mbok bilih wonten ingkang mboten kewaos:



Kados pundi wonten ingkang mboten ketingalan?



2008-04-23

Kerata Basa

Kerata basa menika kados acronim. Liripun kagem ngenahaken dumateng pangertosan dateng tetembungan, pancen nggih namung gothak-gathuk-mathuk mawon ning nggih mekaten menika basa jawi.
Contonipun : garwa kerata basanipun sigaraning nyawa. Genah tuh mernah.

anak : apa wae kudu ana lan enak
bapak : bap apa wae mesti pepak
batur : embat-embating catur
brekat : dideleh breg terus diangkat
cangkem : dicancang lagi mingkem
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenge pikir
desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido kenging
garwa : sigaraning nyawa
gedhang : digeget bubar madhang.
gerang : segere wis arang-arang
guru : kena digugu lan ditiru
gusti : bagusing ati
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat sitok-sitok
kodhok: teka-teka ndhodhok.
kotang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku njepiping
kupluk : kaku nyempluk
kursi : diungkurake banjur diisi
ludruk : gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
mantu : dieman-emani meksa metu
maratuwa : mara-mara ketemu tuwa
prawan : yen pepara (lelungan) mung wayah awan
saru : kasar tur kleru
sekuter : sambi sendheku mlayu banter.
sepuh : sabdane ampuh
semah : isen-isene omah
sirah : isine rah
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso mampir
sulap : yen kesusu bakal ketilap
tandur : nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : antebe kalbu
tepas : titep napas
tuwa : gari ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata lan wani nata
wedang : gawe kadang
weteng : ruwet tur peteng

Conto sanes kados kerata basa sing medal wonten dagelan dagelan namung kangge gegujengan supados sami gemujeng.
contonipun:
suruh - kesusu arep weruh
jimat - siji dimat-mat

Conto sanesipun kados kerata basa nanging sanes:
contonipun:
gerbong tulis: pager kobong watune menthilis
ruli surdi taltu mulya: turu ning kali kasure wedi bantale watu kemule toya

Hahaha...sing iki conto saka dagelan tenan

Candraning perangan awak

Candra saking perangan awak, ingkang mujudaken kasaenan lan pangalembana dumateng tiyang sanes trepipun kagem priyayi putri.

alise : nanggal sepisan
astane : nggendhewa pinenthang
bangkekane : nawon kemit
bathuke : nyela cendhani
bokonge : manjang ngilang
brengose : nglaler menclok
brengose : nguler keket
cahyane : sumunar
cahyane : ngalentrih
drijine : mucuk eri
godhege : simbar rumembun
gulune : ngelung gadhung
gulune : ngolan-olan
eseme : pahit madu
idepe : tumenga ing tawang
irunge : keencana pinatar
irunge : ngudhup mlathi
kempole : nyikil walang
lakune : macan luwe
lembehane : mblarak sempal
lambene : manggis karengat
lengene : nggandhewa pinenthang
mripate : ndamar kanginan
netrane : liyep alindri
pakulitane : ngulit langsep
pipine : nduren sajuring
polatane : ruruh jatmika
pundhake : nraju emas
rambute : ngandhan-andhan
rambute : ngembang bakung
sinome : mbibis mabur
slirane : sidhet singset
susune : nyengkir gadhing
swarane : ngombak banyu
tangane : nggendhewa pinenthang
tungkake : miji nangka
untune : miji timun

2008-04-21

Sekolah? Jan... larange pol!

Kang Kasmo tukang jamu, pringas-pringis kaya wong gendheng. Deweke gedheg-gedheg terus ngguyu ngakak. “Edan!” ngono pisuhane. Deweke nyekel Koran weton minggu wingi nemu ana Koran sing dheweke kumpulke saka tangga-tanggane. Dodol jamu ngiras dadi pemulung Koran bekas.
“Eh…eh…gendheng tenan!”
“Wis tiba dadi kere sak lawase…….Edan!”
Penasaran tak cedhaki, kebeneran aku ya butuh jamune, awakku rada pegel-pegel, mesthi seger yen ngombe jamu pegel-linu.
“Jamune Kang….pegel linu ya”, “Rada pegel boyokku, bar badminton wingi”
Penasaran aku takon ning dheweke ana apa sejatine deweke ngguya-ngguyu kaya wong kesambet.
“Kuwi lho Mas….Aku ra ngerti meneh kudu nangis apa ngguyu ngakak nek maca ning Negara manca sekolah gratis tis tis. Uedan tenan.!”
“Kosok walike negarane dhewe, nyekolahke anak kudu ketekuk ringkel isih nganggo utang tangga kiwa tengen”
“Mangka Mas,….anaku rak isih TK”
“Jan ora kebayang tenan, apa ya isa tekan kuliah”
Aku lagi ngerti yen Kang Kasmo maca ana Koran, ngenani bab perbandingan sekolah ning Indonesia karo ning luar negri.

“Mas….njenengan kok malah nglamun”, “ …napa njenengan nggih melu bingung?”
“Kula bingung tenin, lha ning kene… ning Negara sing butuh wong pinter sing akeh ben cepet maju, kok sekolah larange jan kebangeten. Embuh napa sebabe ning sing jelas kaya-kaya yen kudu nyekolahke anak tekan universitas berarti ngimpi kula nggih”
Universitas larange pol, SMA tekan SD uga larang. Sing marahi gemes ki lha wong…TK sing sinaune mung dolanan karo nyanyi we ya larang. Emh….emh…jan gur isa gedheg-gedheg.”

Susah olehku arep medhot grenengane Kang Kasmo.
“Wis to Kang rasah dipikir….dilakoni wae… muga-muga sesuk sapa ngerti wolak-walike jaman. Ning kene uga melu kabeh sekolah gratis…tis…tis.”

Bar ngombe jamu aku pamit karo mikir lan ndonga….muga-muga sing duwe wewenang nggawe aturan duwe pamikiran pada karo sing dipikir Kang Kasmo.

Negara iki isih butuh wong pinter sing akeh amrih negarane ndang maju.

2008-04-19

Dagelan Djunaedi dan istri darurat

Mas Djunaedi menika pelawak saking Ngayogyakarta, piyambakipun kala jamane siaran tivi dereng kados jaman sak menika piyambakipun sampun dados dagelan ingkang manggungipun wonten ing perayaan-perayaan kados mantenan lan sak panunggalanipun.
Lucune pol jaman semanten plus rada saru (?).

Menika critanipun Djunaedi dados pembantu sing pengin ngakali bendaranipun. Wong mbarang kon ngaku dadi bojone. Akale kaya bulus ben oleh silihan duwit.
Pancen lucu kok Mas Djunaedi ki.... hahaha.

Download:
1. Istri Darurat-1
2. Istri Darurat-2
3. Istri Darurat-3
4. Istri Darurat-4
5. Istri Darurat-5
6. Istri Darurat-6
7. Istri Darurat-7

Mangga sami midhangetaken
Mugi-mugi tansah rena ing penggalih.

Dagelan Djunaedi dadi Guru Musik

Yen panjenengan angkatan tahun 70 utawa 80 mungkin taksih kemutan kaleh Mas Djunaedi. Undang-undangane Djunaedi mrongos ...(nuwun sewu lho). Nanging bab ndagel, lha nek mung lawak Srimulat wae lewat. Terkenale Mas Djunaedi menika biasane terkenal yen rada saru (??). Weleh...!

Menika kula aturi sesuguhan dagelan Djunaedi saget di-download (muga-muga). Critane junaedi dadi Guru Musik

Pilih apa musik Rock apa blues apa rock tanpa blues?

Download:
Guru Musik-1
Guru Musik-2
Guru Musik-3
Guru Musik-4
Guru Musik-5
Guru Musik-6
Guru Musik-7

Sampun isin-isin nek pada nyekikik merga kepingkel-pingkel.

Kebo nusu gudel

"Kebo nusu gudel". Apa maknane?
Yen sing njawab dagelan mesthi ngomong jawabe "keri".
Wis suwe aku ora krungu paribasan mau. Nanging ya wis ora genep lumrah yen jenenge kebo kok nyusu ning gudel (anak kebo). Maknane nek ora kleru, wong tuwa ngansu kawruh marang bocah.

Lha nek jaman sak iki ora mung ngangsu kawruh nanging, ya kasunyatane wong tuwo padha rayahan olehe pengin anake supaya padha isa dadi artis ben isa melu nunut sugih. Nanging ya dudu salahe yen sak iki bocah cilik-cilik padha dikongkon karo wong tuwane ben padha isa nyanyi isa megal-megol sapa ngerti isa mlebu tivi utawa malah dadi artis .

Yen tak gatekke lha ya pancen bener yen dadi artis kuwi mesthi sugihe. Kaya kaya duwit gari nawu. Durung nate aku weruh artis ora duwe omah emplek-emplekan tumpakane pit onthel.

Yen tak pikir-pikir ana apa ya sak iki kuwi?

Kaya-kaya yen dadi artis kuwi mesti jos tenan. Mesthi....Uenake pol. Golek duwit gampang dadi apa wae bisa. Sithik-sithik mlebu tivi, mboh ala mbuh apik.
Sak iki kebo padha angon gudele ben isa kebone nusu....hahahaha. Nunut sukses!

Pagupon Omahe Dara

Mbah Karsa biasane saben isuk metheti manuk dara karo putere uga ingon-ingon liyane, makani manuke. Nanging sak iki wis ora ana meneh.
Biasane bocah cilik padha olok-olokan "Arep metheti manuke mbah Karsa". Ngono guyonane. Sak iki wis ara ana meneh.Yen tak eling eling jaman aku isih cilik, akeh omah manuk dara ana sakiwa tengen omah. Omah manuk dara digawe saka papan albasia dibentuk kaya omah sing dideleh dhuwur nganggo pring.
Pagupon omahe dara ngono arane.

Jaman sak iki kaya kok wis ora ana maneh, babarblas, malah dara-dara sak iki padha diuber-uber ben ora padha mabur-mabur sesliweran. Kabeh padha wedi karo sing jenenge flu burung. O alah... mesakne tenan nasibe si dara.

Sapa ta ya sing ora wedi, wong sing jenenge flu burung, nek wis kena wis mesthi apes nunggu dina kapan ngadhep sing Kuasa. Ora mung dara, sing jenenge pitik jawa, bebek, menthok lan sapanunggalane kaya-kaya wis blas ora ana maneh sing wani ngingu.
Mbah Karsa sing sugihe merga saka ingon-ingon sakiki wis blas ora nduwe ya mung gari wedhus sidji thil merga ning ndesane ana sing kena flu burung, dadi kudu di tumpes kelor supaya ora marai nyebare penyakit mau. Ngono ngomonge petugas Dinas Peternakan, sing mara nganggo putih-putih kaya astronot arep mudhun ning mbulan.
Mbah Karsa mung isa pasrah, pagupon sak darane di obong ana tengah lapangan, uga menthok lan kalkune sing biasane nyekukluk saben ana tamu rawuh wis ora keprungu meneh merga wis dadi areng.

Piye meneh ta lhe. Tinimbang aku utawa tanggane sing mati wis ben wae diobong ben penyakite ilang, resik. Ngono ngendikane mbah Karsa.


Nggih Mbah....muga-muga nasibe si manuk dara mboten dados kewan langka.

2008-04-16

Mangga pinarak

Ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa ningali blog punika.

Mugi jalaran kanthi blog punika saged dados pepiling dumateng agenging lan endahing budaya jawi.

Katuran dumateng panjenengan sedaya, menawi gadhah pemanggih, mugi kersa urun rembag tumrap budaya lan mboten kesupen kula suwun sageda caos kawruh kangge kasaenan lan trepipun kangge blog punika

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung