2008-05-06

..because it is closed.

Terus terang nembe bingung kula badhe nulis napa. Nanging bareng ketemu gambar menika kok dados semangat malih.
Crita iki tenan ora ethok-ethok.

Kula disukani kalian kanca lan dikengken mbedhek.
"Cobi kira-kira tulisan iki ana ngendi?
Sing jelas iki dudu ana Indonesia."

"Kok isa?"
"Sak bodho-bodhone manager ning Indonesia ora bakalan nulis tulisan mbodhoni ngene iki?
Aku berusaha mbedhek asale ngendi (tapi ora penting dicritakne). Aku mung pengin nandhai menawa wonten pikirane kancaku, ora mungkin wong Indonesia nganti ora paham basa Inggris apa maneh pangkate manager.
Apik tenan....bagus!
Sorene aku ketemu maneh karo kanca sing mbedheki, iseng-iseng aku takon,
"Miturut pikiranmu apa salah tulisan mau?"
"Ora, nanging sing jelas... yen ngerti kan ora mungkin nulise ngono?"
"OK...berarti ora salah lan dheweke wis isa narik perhatianmu"
"Merga nyleneh"
"Iya ...tapi yen nurut aku dheweke uwong sing ngerti uga kok...lan dheweke sengaja nulis ngono"
"Terus?"
"Cukup sakmono wae ... aja diteruske...."
"Ndhak nabrak?"
Akhire kabeh dha nyekakak..... terus pisah.
Pas mulih ketemu maneh ana parkiran. Dheweke celuk-celuk karo mlayu-mlayu... nunut mulih merga ora nggawa mobil.
Pas ana njero mobil deweke ... deweke mbahas maneh bab tulisan.
"Ketoke... omonganmu mau ana benere"
"Benere nggon ngendi?"
"Mungkin bener yen Manager mau mung golek perhatian!"
Aku mung isa gedhek-gedhek karo mesam-mesem. Kancaku macakke maneh diwaca seru banget. Pas rampung dheweke ngakak.....aku uga ngakak.

2 urun rembug:

Anonymous said...

hahaha...olehku ngguyu nganti kepingkel pingkel...lumayan bakteri sing neng njero awaku dadi mati...

Admin said...

Bakterine mati... cacinge dados subur lho lemu ginuk2

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung