2008-04-21

Sekolah? Jan... larange pol!

Kang Kasmo tukang jamu, pringas-pringis kaya wong gendheng. Deweke gedheg-gedheg terus ngguyu ngakak. “Edan!” ngono pisuhane. Deweke nyekel Koran weton minggu wingi nemu ana Koran sing dheweke kumpulke saka tangga-tanggane. Dodol jamu ngiras dadi pemulung Koran bekas.
“Eh…eh…gendheng tenan!”
“Wis tiba dadi kere sak lawase…….Edan!”
Penasaran tak cedhaki, kebeneran aku ya butuh jamune, awakku rada pegel-pegel, mesthi seger yen ngombe jamu pegel-linu.
“Jamune Kang….pegel linu ya”, “Rada pegel boyokku, bar badminton wingi”
Penasaran aku takon ning dheweke ana apa sejatine deweke ngguya-ngguyu kaya wong kesambet.
“Kuwi lho Mas….Aku ra ngerti meneh kudu nangis apa ngguyu ngakak nek maca ning Negara manca sekolah gratis tis tis. Uedan tenan.!”
“Kosok walike negarane dhewe, nyekolahke anak kudu ketekuk ringkel isih nganggo utang tangga kiwa tengen”
“Mangka Mas,….anaku rak isih TK”
“Jan ora kebayang tenan, apa ya isa tekan kuliah”
Aku lagi ngerti yen Kang Kasmo maca ana Koran, ngenani bab perbandingan sekolah ning Indonesia karo ning luar negri.

“Mas….njenengan kok malah nglamun”, “ …napa njenengan nggih melu bingung?”
“Kula bingung tenin, lha ning kene… ning Negara sing butuh wong pinter sing akeh ben cepet maju, kok sekolah larange jan kebangeten. Embuh napa sebabe ning sing jelas kaya-kaya yen kudu nyekolahke anak tekan universitas berarti ngimpi kula nggih”
Universitas larange pol, SMA tekan SD uga larang. Sing marahi gemes ki lha wong…TK sing sinaune mung dolanan karo nyanyi we ya larang. Emh….emh…jan gur isa gedheg-gedheg.”

Susah olehku arep medhot grenengane Kang Kasmo.
“Wis to Kang rasah dipikir….dilakoni wae… muga-muga sesuk sapa ngerti wolak-walike jaman. Ning kene uga melu kabeh sekolah gratis…tis…tis.”

Bar ngombe jamu aku pamit karo mikir lan ndonga….muga-muga sing duwe wewenang nggawe aturan duwe pamikiran pada karo sing dipikir Kang Kasmo.

Negara iki isih butuh wong pinter sing akeh amrih negarane ndang maju.

1 urun rembug:

Anonymous said...

Menawi sedoyo wargo saget mbayar pajak penghasilan 25 % saking jumlah hasil setunggal tahun kulo kinten sekolah TK dumugi SMA saget gratis.
Ing negari monco sekolah gratis amargi rakyatipun mbayar pajak penghasilan.

Nuwun

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung