2008-04-23

Kerata Basa

Kerata basa menika kados acronim. Liripun kagem ngenahaken dumateng pangertosan dateng tetembungan, pancen nggih namung gothak-gathuk-mathuk mawon ning nggih mekaten menika basa jawi.
Contonipun : garwa kerata basanipun sigaraning nyawa. Genah tuh mernah.

anak : apa wae kudu ana lan enak
bapak : bap apa wae mesti pepak
batur : embat-embating catur
brekat : dideleh breg terus diangkat
cangkem : dicancang lagi mingkem
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenge pikir
desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido kenging
garwa : sigaraning nyawa
gedhang : digeget bubar madhang.
gerang : segere wis arang-arang
guru : kena digugu lan ditiru
gusti : bagusing ati
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat sitok-sitok
kodhok: teka-teka ndhodhok.
kotang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku njepiping
kupluk : kaku nyempluk
kursi : diungkurake banjur diisi
ludruk : gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
mantu : dieman-emani meksa metu
maratuwa : mara-mara ketemu tuwa
prawan : yen pepara (lelungan) mung wayah awan
saru : kasar tur kleru
sekuter : sambi sendheku mlayu banter.
sepuh : sabdane ampuh
semah : isen-isene omah
sirah : isine rah
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso mampir
sulap : yen kesusu bakal ketilap
tandur : nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : antebe kalbu
tepas : titep napas
tuwa : gari ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata lan wani nata
wedang : gawe kadang
weteng : ruwet tur peteng

Conto sanes kados kerata basa sing medal wonten dagelan dagelan namung kangge gegujengan supados sami gemujeng.
contonipun:
suruh - kesusu arep weruh
jimat - siji dimat-mat

Conto sanesipun kados kerata basa nanging sanes:
contonipun:
gerbong tulis: pager kobong watune menthilis
ruli surdi taltu mulya: turu ning kali kasure wedi bantale watu kemule toya

Hahaha...sing iki conto saka dagelan tenan

0 urun rembug:

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung