2008-04-19

Pagupon Omahe Dara

Mbah Karsa biasane saben isuk metheti manuk dara karo putere uga ingon-ingon liyane, makani manuke. Nanging sak iki wis ora ana meneh.
Biasane bocah cilik padha olok-olokan "Arep metheti manuke mbah Karsa". Ngono guyonane. Sak iki wis ara ana meneh.Yen tak eling eling jaman aku isih cilik, akeh omah manuk dara ana sakiwa tengen omah. Omah manuk dara digawe saka papan albasia dibentuk kaya omah sing dideleh dhuwur nganggo pring.
Pagupon omahe dara ngono arane.

Jaman sak iki kaya kok wis ora ana maneh, babarblas, malah dara-dara sak iki padha diuber-uber ben ora padha mabur-mabur sesliweran. Kabeh padha wedi karo sing jenenge flu burung. O alah... mesakne tenan nasibe si dara.

Sapa ta ya sing ora wedi, wong sing jenenge flu burung, nek wis kena wis mesthi apes nunggu dina kapan ngadhep sing Kuasa. Ora mung dara, sing jenenge pitik jawa, bebek, menthok lan sapanunggalane kaya-kaya wis blas ora ana maneh sing wani ngingu.
Mbah Karsa sing sugihe merga saka ingon-ingon sakiki wis blas ora nduwe ya mung gari wedhus sidji thil merga ning ndesane ana sing kena flu burung, dadi kudu di tumpes kelor supaya ora marai nyebare penyakit mau. Ngono ngomonge petugas Dinas Peternakan, sing mara nganggo putih-putih kaya astronot arep mudhun ning mbulan.
Mbah Karsa mung isa pasrah, pagupon sak darane di obong ana tengah lapangan, uga menthok lan kalkune sing biasane nyekukluk saben ana tamu rawuh wis ora keprungu meneh merga wis dadi areng.

Piye meneh ta lhe. Tinimbang aku utawa tanggane sing mati wis ben wae diobong ben penyakite ilang, resik. Ngono ngendikane mbah Karsa.


Nggih Mbah....muga-muga nasibe si manuk dara mboten dados kewan langka.

0 urun rembug:

Post a Comment

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung