Showing posts with label Kawruh Basa. Show all posts
Showing posts with label Kawruh Basa. Show all posts

2011-10-04

Ular-ular manten saking Pranata Cara Mas Junaedi




Panganten sarimbit sampun dibusanani ing kamar kabusanan badhe marak wonten sasana pinajar, sumongga para rawuh sami…ndhodhok.
………………
Menika ta warnanira barisan ingkang hangombyongi panganten sarimbit ingkang ngjeng piyambak mlampah alon-alon ingkang sinabat cancang balung, ambetira panganten wangi-wangi cancang balung radi apeg….
mlampah dingklik-dingklik…

Dasar Junaedi...... ya wis ngono kuwi
Sumonggo menawi badhe midhanget Ularular manten

1. Junaedi -Ular ular manten 1
2. Junaedi -Ular ular manten 2
3. Junaedi -Ular ular manten 3
4. Junaedi -Ular ular manten 4
5. Junaedi -Ular ular manten 5
6. Junaedi -Ular ular manten 6
7. Junaedi -Ular ular manten7
8. Junaedi -Ular ular manten 8
9. Junaedi -Ular ular manten 9
10. Junaedi -Ular ular manten 10
11. Junaedi -Ular ular manten 11
12. Junaedi -Ular ular manten 12
13. Junaedi -Ular ular manten 13
14. Junaedi -Ular ular manten 14
15. Junaedi -Ular ular manten 15








2008-05-09

Test IQ.....ngomonge angel banget

TEST IQ (Paling cepet IQne paling dhuwur)


Download:
XLS File

Sakderengipun panjenegan kedah download rumiyin. Cara lan aturan wonten saklebetipun file.

ATURAN
1. Sing saged numpak gethek namung tiyang kalih thok.
2. Bapak mboten angsal kalih lare estri menawi mboten wonten Ibu.
3. Semanten ugi Ibu mboten angsal kempal kalih lare jaler menawi mboten wonten bapak.
4. Lare estri ingkang rambute abrit, nakale mboten jamak, mboten pikantuk kempal kaleh sederek sak keluargi sinten kemawon, nek Pak Polisi angsal....pun lulut nek kalih piyambake.
5. Sing saged nglampahaken gethek namung Pak Polisi, Bapak ugi Ibu.

Mangga dicobi, pripun carane supados sedanten saged disebrangaken dateng sebrang kali.

Nek saged ....wah panjenengan jan pinter tenan.
Nek mboten saged? Wah mosok mboten saged? Kebangeten tenan.
Wonten Jepang asal quis menika criosipun saged 15 menit rampung.
Menawi panjenengan taken kula, wah kula saged paling cepet nggih 5 menit.
Malah sak menika kula saged 10 detik.
Percaya sukur mboten percaya... siap-siap IQne ndhodhok mawon nggih.
Free Translation:
The RULES are as follows:
1, Only two people can travel at once
2, Daddy can not stay with the girls without the presence of the mother
3, Mum cant stay with the boys without the presence of the father
4, The arrested red-hair girl in stipy outfit cannot stay with any of the family members
5, Only the Police officer and the parents can drive the boat across the river

This test was developed and used in Japan for job and university IQ tests
This test is solved in around 15mins (in Japan)

2008-05-03

Pendhapa Agung apa maknane?


Pendhapa

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih paling ngarep. Bangunanlawang (pintu). iki biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa

Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas.

Fungsi

Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat.

Makna filosofi

Bangunan pendhapa iku ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul.

Pendhapa modern

Bangunan pendhapa neng jaman saiki isa ditemo'ake neng komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Wetan) misale kantor Bupati utawa DPRD.

2008-04-23

Kerata Basa

Kerata basa menika kados acronim. Liripun kagem ngenahaken dumateng pangertosan dateng tetembungan, pancen nggih namung gothak-gathuk-mathuk mawon ning nggih mekaten menika basa jawi.
Contonipun : garwa kerata basanipun sigaraning nyawa. Genah tuh mernah.

anak : apa wae kudu ana lan enak
bapak : bap apa wae mesti pepak
batur : embat-embating catur
brekat : dideleh breg terus diangkat
cangkem : dicancang lagi mingkem
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenge pikir
desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido kenging
garwa : sigaraning nyawa
gedhang : digeget bubar madhang.
gerang : segere wis arang-arang
guru : kena digugu lan ditiru
gusti : bagusing ati
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat sitok-sitok
kodhok: teka-teka ndhodhok.
kotang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku njepiping
kupluk : kaku nyempluk
kursi : diungkurake banjur diisi
ludruk : gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
mantu : dieman-emani meksa metu
maratuwa : mara-mara ketemu tuwa
prawan : yen pepara (lelungan) mung wayah awan
saru : kasar tur kleru
sekuter : sambi sendheku mlayu banter.
sepuh : sabdane ampuh
semah : isen-isene omah
sirah : isine rah
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso mampir
sulap : yen kesusu bakal ketilap
tandur : nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : antebe kalbu
tepas : titep napas
tuwa : gari ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata lan wani nata
wedang : gawe kadang
weteng : ruwet tur peteng

Conto sanes kados kerata basa sing medal wonten dagelan dagelan namung kangge gegujengan supados sami gemujeng.
contonipun:
suruh - kesusu arep weruh
jimat - siji dimat-mat

Conto sanesipun kados kerata basa nanging sanes:
contonipun:
gerbong tulis: pager kobong watune menthilis
ruli surdi taltu mulya: turu ning kali kasure wedi bantale watu kemule toya

Hahaha...sing iki conto saka dagelan tenan

Candraning perangan awak

Candra saking perangan awak, ingkang mujudaken kasaenan lan pangalembana dumateng tiyang sanes trepipun kagem priyayi putri.

alise : nanggal sepisan
astane : nggendhewa pinenthang
bangkekane : nawon kemit
bathuke : nyela cendhani
bokonge : manjang ngilang
brengose : nglaler menclok
brengose : nguler keket
cahyane : sumunar
cahyane : ngalentrih
drijine : mucuk eri
godhege : simbar rumembun
gulune : ngelung gadhung
gulune : ngolan-olan
eseme : pahit madu
idepe : tumenga ing tawang
irunge : keencana pinatar
irunge : ngudhup mlathi
kempole : nyikil walang
lakune : macan luwe
lembehane : mblarak sempal
lambene : manggis karengat
lengene : nggandhewa pinenthang
mripate : ndamar kanginan
netrane : liyep alindri
pakulitane : ngulit langsep
pipine : nduren sajuring
polatane : ruruh jatmika
pundhake : nraju emas
rambute : ngandhan-andhan
rambute : ngembang bakung
sinome : mbibis mabur
slirane : sidhet singset
susune : nyengkir gadhing
swarane : ngombak banyu
tangane : nggendhewa pinenthang
tungkake : miji nangka
untune : miji timun

 
designed by: SEW2006 Pendhapa Agung